Drama Basa Jawa Lingkungan


ALAS NGUWATIRAKE


Ing SMP Negeri 20 Malang ana guru kang asmane Pak Dika. Saben dino Pak Adi teka esuk- esuk, khususe dina senin, dina senin Pak Adi wayahe ngajar ana ing kelas 9F. Pak Adi ing sekolah ngajar IPS.
Bel sekolah wes muni, Pak Adi langsung mlebu nang kelas 9F.
Pak Dika: “Assalamualaikum, murid- murid.”
Murid :”Waalaikumsalam.”
Pak Dika:”Weleh weleh, iki kelas opo nggone sampah?, ayo diresiki, aku wegah ngajar lek rusuh koyok ngene iki, lek sinau ora iso konsentrasi engkok.”
Murid :”Inggih pak.”

Murid- murid lagi ngresiki kelas karo omong- omongan.
Danar :”Waduh, sapa seh sing piket dina iki? Kelas rusuh kabeh!”
Shandy :”Gak eroh, paling yo arek- arek sing males iku!”
Hafidz :”Yo wes lek ngono, ndang diresiki wae.”
Fahmi :”Yo ndang, engkok Pak Dika ngamuk- ngamuk. Lek wes ngamuk wedi aku!”
Danar :”Aku krungu swarane wae, wetengku wes loroh.”

Kelas wes resik lan katon rapi. Pak Dika mlebu kelas maneh lan nuturi murid- murid.
Pak Dika:”Lah, yo ngene a! Lek kelase resik lan rapi, sinaue bakal iso konsentrasi lan nyaman. Sampah iku yen ora dibuwang bakal ndadekake lelarah lan ora apik gawe kesehatan. Bener seh?”
Murid :”Inggih pak.”
Fahmi :”Weh, dungaren Pak Dika ora ngamuk. Kenopo iki?”
Hafidz :”Huusstt, kowe iki awas lohh engkok Pak Dika krungu.”
Danar :”Iyo ya, iki keajaiban dunia, (karo ngguyu).”
Shandy:”Yokpo e kowe iki, ngamuk protes ora ngamuk protes.”
Pak Dika:”Eh ono opo iku kok rame?, bocah- bocah liyane nang ndi iki, kok seng mlebu mek tithik!”
Murid :”Mboten ngertos pak.”
Pak Dika ngabsen murid- murid terus nglanjutake pelajaran minggu wingi.
Pak Dika:”Bocah- bocah, dina iki ana materi anyar yaiku Lingkungan Hidup lan Pembangunan Berkelanjutan. Apa ana sing weroh apa iku Lingkungan Hidup?”
Fahmi lan Danar:”Kula pak.”
Pak Dika:”Ayo danar, apa?”
Danar :”Lingkungan Hidup yaiku sedaya barang lan keadaan kang ana ing njero ruang kang nggadah pengaruh kangge panguripan makhluk hidup terutama manungsa.”
Pak Dika:”Lah, yo ngono jawabane bener. Yen pembangunan berkelanjutan opo cah?”
Fahmi :”Kula pak!”
Pak Dika:”Iyo.”
Fahmi :”Pembangunan Berkelanjutan yaiku upaya sadar lan tertata kanggo njagi kalestarian lingkungan.”
Pak Dika:”Yo pinter.”Sopo seng weroh masalah lingkungan kang mesti terjadi ing panguripan iki?”
Shandy :”Katah pak yaiku pencemaran lingkungan, alas gundul, pemanasan global, udan asam, lahan kritis, lan liya- liyane.”
Pak Dika :”Bagus. Tak delok kowe kabeh wes paham, yen ngono tak wenehi tugas bab iki. Tugase digarap kelompokan.”
Hafidz :”Tugas kelompok napa pak?”
Pak Dika :”Tugase yaiku kowe cah, kudu ngoleki permasalahan lingkungan kang ono ing sekitar omah.”
Murid :”Inggih pak.”
Sakwise anggota kelompok ditata, bocah- bocah pada diskusikno permasalahan lingkungan apa sing kate dibahas.
Hafidz :”Masalah opo yo kiro- kiro sing apik kanggo diamati?”
Danar :”Yok po lek pemanasan global, saiki usume pemanasan global.”
Fahmi :”Ojo, angel pemanasan global, seng liyane ae!”
Shandy :”Yok po lek udan asam ae.”
Fahmi :”Leh, tambah angel lek udan asam, yaopo cah iki.” (karo ngguyu)
Hafidz :”Yok po lek karusakan alas wae?”
Shandy :”Lah, yaiku apik. Ing lingkungan kene akeh alase, sapa weruh ana alas kang ngalami karusakan.”

Sakwise ngrembug lan nemukna permasalahan lingkungan kang arep diamati, bocah- bocah kuwi ngrembugno kapan arep ngerjakno tugas kelompok iku.
Danar :”Sido kapan ngerjakno tugas iki?”
Hafidz :”Yokpo lek dina iki wae?”
Fahmi :”Ojo, aku ora iso yen dina iki.”
Shandy:”Kenopo?”
Fahmi :”Kepo i.”
Hafidz :”Yo wes, dina Selasa wae yo.”
Shandy:”Iyo wes, dina Selasa wae.”

Dina Selasa bocah- bocah kuwi mbalek mlebu kelas, tapi moro- moro ana rapat guru, akhire bocah- bocah kuwi cepet- cepet muleh. Bocah- bocah kuwi wes kumpul lan langsung menyang alas.
Fahmi :”Maeng, pas awakdewe mlaku, akeh tenan sampah ing pinggir alas.”
Shandy :”Iyo, ambune yo ora enak!”
Danar :”Asline, wong- wong ora oleh mbuwang sampah ing alas iki!”
Hafidz :”Iyo, Alas iki yo katon tandus.”
Pak Hilmi:”Hey bocah- bocah, kenopo iki kok rame- rame ing kene?”
Hafidz :”Niki pak, kita sedaya lagi ngerjaaken tugas kelompok bab karusakan hutan, pak.”
Pak Hilmi:”Oalah ngono a.”
Fahmi :”Inggih pak, pak menika tiyang- tiyang ten mriki mesthi bucal sampah sembarangan nggih pak?”
Pak Hilmi:”Yen wong- wong asli kene ora tau mbuwang sampah ing alas iki, sampahe mesthi dipendem.”
Shandy :”Terus sinten pak, sing mbucal sampah ing alas iki?”
Pak Hilmi:”Biasane cah, wong- wong sing omahe adoh saka alas iki, wong- wong iku mesthi teka lan mbuwang sampah ing alas iki.”
Danar :”Wahh, tiyang- tiyang niku mboten nggadah tanggel jawab nggih.”
Pak Hilmi:”Yo ngono wes, bapak tau masang papan pelarangan mbuwang sampah ing kene, tapi ora digugu.”
Fahmi :”Yen ngono, kita sedaya mesthi kudu ngresiki sampah- sampah niki lan menehi weroh Pak RT supaya nyalap panggonan sampah kang ageng ing alas iki.”
Hafidz :”Wahh, iku pikiran sing apik.”
Shandy:”Tapi, yen dideleng ora iki wae masalah ing kene?”
Hafidz : “Masalah opo maneh terusan?”
Shandy :”Alas iki katon tandus lan garing.”
Danar :”Yo wes, menisan awakdewe takon Pak RT supaya ngadaaken reboisasi.”
Pak Hilmi:”Tapi, kita ora oleh ngarep- ngarep Pak RT wae. Dados warga kene, kita nduweni peran penting njaga lingkungan ing kene. Dadi cah, kowe kudu njaga lingkungan, ojo nggolek enake wae. Yen alas tandus, methi kowe kabeh cah salah sijine saka jutaan wong sing ngeluh kepanansan. Alas iki wes nguwatirake. Yo seh cah.”
Bocah- bocah:”Inggih pak.”
Fahmi :”Yokpo yen dina minggu awakdewe ngadakno reboisasi ing alas iki, kowe kabeh setuju gak?”
Hafidz, Danar, lan Shandy:”Setuju setuju.”
Shandy:”Iyo iku pikiran kang apik, supaya alas iki ora tandus.”
Danar :”Jam piro, tapi?”
Hafidz:”Jam 8 ae, supaya ora panas.”
Pak Hilmi:”Bagus, yen guduk kita kabeh, sapa kang mangerteni karusakan lingkungan iki!”
Bocah- bocah:”Inggih pak.”
Fahmi :”Inggih pun pak, kita pamit riyen. Matur nuwun nggih pak sampun ngancani kita ngamati alas niki.”
Pak Hilmi:”Yo cah, mugi- mugi sing diomongno bapak iki bisa ana kagunaane kanggo kowe cah.”
Bocah- bocah:”Inggih pak. Insya Allah. Matur nuwun pak.”
Pak Hilmi:”Yo cah, padha- padha.”

Dina wes sore, bocah- bocah langsung moleh menyang omahe dewe- dewe. Esoke pas moleh sekolah, bocah- bocah mau ngumpulno tugase nang Pak Dika.
Pak Dika :”Weleh, cepet banget iki ngumpulno tugase. Yen ngeneki tak wenehi biji apik amarga ngumpulno cepet lan dadi kelompok pertama kang ngumpulake tugas.
Danar, Fahmi, Hafidz, lan Shandy :”Matur nuwun pak.”
Shandy :”Kita sedaya wangsul riyen nggih.”
Danar, Fahmi, Hafidz, lan Shandy :”Assalamualaikum.”
Pak Dika :”Waalaikumsalam.”

Dina Minggu bocah- bocah mau lan wong- wong kampung pada gotong royong ngadaake reboisasi alas. Reboisasi kasebut mbuwahi hasil kang apik. Alas sing tandus lan nguwatirake dadi alas sing katon ijo royo- royo lan resik.


*RAMPUNG*

Posting Komentar

0 Komentar