Palapuran Kegiyatan-Basa Jawa


PALAPURAN KEGIYATAN PEMANFAATAN UWUH
SMP NEGERI 20 MALANG
TAUN AJARAN 2016/2017


PURWAKA

1. Dhasare Panemu (Latar Belakang Masalah)

Kegiyatan Pemanfaatan Uwuh yaiku salah sawijining kegiyatan kang diadhaake ing sekolah kang duweni ancas kanggo nguwatake karakter tresna lingkungan. Uwuh yaiku bahan kang terbuwang utawa dibuwang saka asile kegiyatan manungsa utawa proses alam kang durung nduweni nilai ekonomis. Jumlah warga SMP Negeri 20 Malang lan pola konsumsi kang ningkat, nyebabake volume uwuh kang duwur lan akeh. Uwuh ndadekake masalah global, amarga iku kudu nduweni penanganan kang apik lan terpadu supaya menehi faedah kanggo ekonomi masyarakat lan aman kanggo lingkungan. Kanggo ngatasi masalah uwuh , kudu duweni kegiyatan kang terprogram. Salah sawijining kegiyatan terprogram kasebut yaiku Kegiyatan Pemanfaatan Uwuh. Kegiyatan kasebut menehi ancas lan faedah kanggo siswa utawa warga sekolah supaya bisa ngatasi masalah uwuh kang ono ing SMP Negeri 20 Malang.

2. Ancase Kegiyatan

1. Ningkatake kemampuan lan keahlian siswa ing bidang lingkungan.
2. Nguwatake sikap ilmiah ing siswa didik.
3. Nguwatake sikap disiplin, tanggel jawab, lan cinta lingkungan.

ISI

1. Jenenge Kegiyatan : Penyuluhan Uwuh Garing (Sampah Kering)
2. Peserta : Kelas VII lan VIII
3. Wektu : Dina Kamis, 9 Februari 2017 (Jam 07.00- 12.00 WIB)
4. Papan : Aula SMP Negeri 20 Malang
5. Rantaman Acara :

1) Pambuka lan Sambutan Kepala Sekolah SMP Negeri 20 Malang
(Jam 07.00- 07.30 WIB)

2) Sambutan Ketua Panitia
(Jam 07.30- 08.00 WIB)

3) Materi Uwuh lan Pemanfaatane saka Tim Adiwiyata Kota Malang
(Jam 08.00- 09.00 WIB)

4) Materi Daur Ulang Uwuh Garing saka Tim Green School Kota Malang
(Jam 09.00- 10.00 WIB)

5) Praktek Penyuluhan Daur Ulang Uwuh Garing
(Jam 10.00- 11.30 WIB)

6) Dunga lan Panutup
(Jam 11.30- 12.00 WIB)

PANUTUP

Sampah kang nyebabake masalah global terutama ing SMP Negeri 20 Malang kudu ana tindakan kanggo ngatasi masalah kasebut, salah sawijining tindakan kesebut yaiku Penyuluhan Uwuh Garing. Cukup semene laporan kegiyatan Penyuluhan Uwuh Garing. Muga- muga kegiyatan iki bisa diadaake saben tahun utawa bulan, amarga kegiyatan iki nduweni ancas lan faedah kang apik kanggo siswa didik utawa warga sekolah.


Malang, 6 Februari 2017



Ketua Panitia

Posting Komentar

1 Komentar